Lontar Wiksu Pungu

No comment 56 views

Lontar Wiksu Pungu

Lontar Wiksu Pungu

Lontar Wiksu Pungu
Lontar No: III B. 4229
Sumber: UPTD Gedong Kirtya Singaraja


Ong awignam astu nama siddam,

[1] Ana sira maharsi, lewih kocarana nire rasan ing danur-weda, pandhiteng mulen ing sarwa tatwa sari-sarin ing sojar ing aji, mekadi mulan irpakenan ing palania wekasan, sedeng sira nunggal ing hyang agama, tuwi ya mahasakti sira, tapwan madoh i sudharma Sang Hyang, weruh sira paneng..ta rasa ing wangsit i hyun bhatara, Sang sinuhun kiwa tengen, muang dewa dewi…..atin, gandharwa, maka nguni nguni kang ulah bhuta kala dengen, ikang am.. awan i bungkahing jagat raya.

Kaweruhana juga den ira ciptaniya ambekniya swang-swang, ikang para.. ni hyang-hyang kabeh, tuwi sira maka suraksaniyagran ing jagat raya, kapweka byakta den irar wulati, swabawani ambek nira swang-swang, tekeng temahan ika wekasan mwung prayoganing pakenikang tri bhuana, tuwin maka suraksane Hyang Siwatmaka, Dewa Pitara mwang Bhatara Pitra.

Syapa ta pwa siran mangkana kraman ira, sang wiksu pungu ta ngaran ira, apan sada tutur, tuwin brahmacari ta sira, ri gihan ing padangan patapan ira resi mulan ing bumi, pinekanak ta pwa sira den ira mpu tutur, sang pinaka suraksani mulan ing bumi wali-tatwa, ya tika matanginiyan ana sinanggah bumi bali katekan ingmangke, apan wus inandel ing putus ing reh, ngaran ing Sang Sidayogi ngaran ira waneh, apan wus molih ing sangkan, wenang pwa katuturakna de sang ahyun ataki-taki dharma aneng jagat raya.

Yen mahyun agawaya langgeng ayun ing sabumi-mandala, lawan ratu mant…re patih muang wiku pandhita catur asrama, makadi tang guru-tiga kunang, ta kabeh aywa salah genah, aywa salah lungguh, aywa salah ulah, aywa… idep, aywa salah angen, aywa salah asa, aywa salah cipta, aywa salah …. wus, aywanasar sakeng dharman ing adi-sasanan ira siji swang.

Yeniya salah sakeng mulani sasananiyangdadi mangkana, byakta yangde herug ikang buwana tan sakeng gentuh, geseng ikang rat tan sakeng apwi, lebur ikang tri-buwana tan kinela, moga anungsang ikang rat, ikang i sor, mareng luhur, ikang iluhur amingsor, tan pantara ya aputeran sada-kala, dadi ilang tapwekang suraksaneng madya-desa.

Ling nirang Mpu Tawangpeng ri sang makarin ing bumi-mandala, kedep t…pa sapamastun ira kabeh tatan ade, lawan ala ayun ing palaniya mat… rikang ina- marekasan, kateka-tekeng mulani anan ing sinanggah swarga-naraka lan ing pati-urip, ika ta katiga, aywa ta sang mangaku pandan salah, linyok den…

lan sira tan weruh ujar samangkana byakta gawenira sanggahaniya sugih mas buwana lawan sarira, kadi nguni ring purwa carita. den sanggahen duhka, sura-

mwah nihan pwa yojar nira sang wiksu pungu ri enggaheniya lewih, ikang dharma, maka ngaran Sang Aji Saji ngaran ira, tu…

pada: …maku kita kamung aji saji, rungokena pw… kas mami i kita, kengetakena aywa lupa.

Yan sira mahyun molih palaning tapa brata mwang weruh i pasembulihan ing jiwajnyana lawan wekas ing dadi, aywa lemah aywa mada, aywa gigu, siran

[2] langgeng omideng umangen-angen i sojar ing rama renanta,tuwin sira makangga rwa karana, ya sangkan ing paran, pangawak ing mula tatwa, ika ta kabeh, sakwehing ojar nira rasan ing aji, kapwa tuhu ika kabeh ri sang weruh, nora tuhu sireng tan weruh irasan ing ojar nira, ya tika tuwin rama renan ing bumi.

yan mahyun ing suka-byudaya, ngaran ing suka sakeng mangke teka ya ri wekasan, tanpa balik duhka, tan sangsaya kita katika ngwang mameta rasa sang hyang aji, amrih rasan ing brata tapan ira den ng ambek kawiratin, maka sang hyang dewa-puja, wedha, mantra, yoga lawan samadhi, dyana lawan sandyajnyana.

Ika ta kabeh prih pwa pwa yemulati rikang japa-sidhi, ana tan hana sih nirang Hyang Siwa Guru Tunggal.

Perih-perihen juga pwa sangkan ing sredanireki, marapwan katon den ira sang tapa swi kang asunga subha-karman ira swang-swang lawan ikang swarga narakan ing kadadin.

Ika ta kabeh, kapwa katon de sang maha pandhita ri sandyajnyana duk angekatwa bhatara lawan ing japa sidhi.

Ya tika ngaran ing kasidan ing yoga sang sudira subrata.

Ndan umangen-angen i pawekas ing hyang alayunia aywa lupa, ri alayun ing pakenaniya mulaniyang wekas nika saka tamba, apan katuhwan pwa ya parama-durgama katuturan ika.

Yan uminget i rasani sojar ing hyang keketaniyang ati, ya tan sangkaniyasih ing Hyang Jagat-Karana.

Masunga tutur i Sang Tapasa, niyata ya tan byakta panggaweruh nira rasa sabda sang hyang aneng rikang sarwaksara, makadi ta yojar nireng ulat tan mulat, apan rasa Sang Hyang Catur Wedha, tuwin mangandel ing hyang agama, hyang agama angandel ing hyang manu, hyang manu angandel ing hyang suksma-widhi, matangniyan perih ta kahilangan ing maladiniyasa de sang bhiksu-karmamarga, tuwin maha sakti ikang maladi ngaraniya, kangken satru de sang bhiksu karmamarga mwang ri sang mayun palaning kasusilan, apan wenang angawe ana nora, wenang angawetwaken raga mwang swarga lawan kawah, ya mulan ing swarga naraka.

Mangkana pwa kawidagdaniya kabeh, yan agawe kalirweng ati ri sang tan weruh mulati rehniya swang-swang, mwang angandel nika aneng rikang ina-budhi, ina-prajnya, ina-sastra.

Ikang pinakolahniye rika, ikang yukti den senggahen salah, linyok den sengguh turu, nora den senggah ana, kanista daridra senggahaniya sugih mas mani sarwa mulya, lara den senggahan waras, suka den senggahan duhka, surasa senggahen wirasa, kawah endut blagada den senggaheniya lewih, ikang arta-ksaya den senggahana laba ageng teka.

Mangkana pangawesan ing kala kali-sangsara, i rikang wang tan ahyun ing yoga daraka, mur ikang patapan asalahan brata ri ina-sastra, sakteng setri lawan pirak, tan uningeng yadin tininden, kewalya olih sukaniya dawak sakedap ing kilat, tan panoliheng kadang warga mwang anak wangsanak, bapa ibu, kaki nini.

Mangkana ambek ikang wang nora angidep tutur ayu, amoga tan anget ing kadadin, nguniweh tang kawangsan.

Ika ta kabeh kapwa koryeng ati, apan andel dinendel ing raga-dwesa, ingadang ing wisaya, katitihan ing dremba moha-cita lupa ya atemah wera, cangkah cumangkah ya wak-parusya, sing wenang winuni dadi metu, dosageng

[3] mantuniyeng awak amoga salah para.

Mangkana palan ing wang pramadeng sojar ing aji, ikang sayogya pituhun ing dadi, ya ta etun ika anaku, katuturakna pwa yonggwaniya angandel ikang sarwa malendriyeng raga sarira, mwang ulah niya swang-swang, ya ta kaneketaniyang ati, ingangen ikang mapala mwang nispala, mapala ngaran ayu ita-budhi, nispala ngaran ing kanista daridra ina prajnya, tan pangidep tutur samahita.

Kunang mulan ing maladi magawe bancanagung ri sang tapaswi, wenang ye agawe langgeng ri sang amerih palan ing tapa bratan iranang buwana, ri sang weruh ri rehniya siji swang.

Pratyakani lwirniya nihan, walu welas pwa ya kwehniya, ya mulani ananing inanggeh kawah muang swarga, duk ing sekala jagat, wenang pwa ya kayatnakena de sang maha pandhita, maka srayang mulan ing mula, sangkaning paran, ngaran ing hyang rwa-karana, yen pangraksa siran pareng ayu, mwah apa pwa yetuniyan walu welas gananiyeng buwana, nihan pwa ya kengetakna denta anaku laki, sari-sariniya aywa lupa.

Ikang tri-buwana ngaraniya, ya mulaniya ana metu tang tri-mala, masambada lawan ikang tri-kaya parisudha.

Kunang ikang panca maha bhuta, ya mulan ing pancendriya, ya panca-mala, ya mulan ing panca sila,

Panca sila, mulan ing panca mreta. Pancamreta mulan ing ana inanggeh asta kosala, asta dewata, asta wasu, asta bawana.

Ikang dasa mala, ya mulaniya anan ing dasendriya, maka sang hyang dasa sila.

Ikang dasa sila, mulan ing dewata nawasanga sakti, sakti mulan ing resing langit, ya mulan ing ana inanggeh dasa prakasa, dasa bumi, mulan ing ana ani-anu”.

Mangkana ling nikang Resi Wiksu Pungu ri anak sira sang aji sajin ing jagadhita.

Sumahur ta sira kumwa, manembah ulun i paduka hyang mami, apa pwa yetuniya tang adimala wisesaneng jagat raya, mwah apa pwa ya matangniyan lewih sakti, wenang ya misesang bumi-mandala, wenang agawe ana nora, wenang agaweya ala ayu lawan swarga naraka, wisesan ing laki setri winaweng pati urip,’

Manantwa ta pwa siran sahur.

Kumwanaku, kunang ikang tri mala ngaraniya, ya mulaniyanan ing tri beda, tri beda ngaran ing tri tatwa, ya satwa rajah tamah.

Satwa, ngaran ing tutur prakasa, manut ing aji, baktyeng hyang mwang sakweh ing siladi-krama mwang puja wedha mantra, yoga lawan samadhi, dyana lawan sandyajnyana, japa lawan pucuking ati.

Ika ta kabeh pinaka anggan ira Sang Hyang Wedha, maka sahayang brata pageh, maka tapa tang tri sandi.

Ika ta kabeh kapwa pawak ing satwa-budhi, ya satwa ngaraniya.

Kunang pakenan ikang rajah ngaraniya, ya mulan ing kala-krodha, ya mulan ing bayu langgeng, makral ring sarwa karya karta, tar awedi rikang wastu durgama, mwang sukha dukha, klan panas lawan tis, mangrasa surasa lawan wirasa, ala ayu juga tan ketung, kapwa ya kambah juga den ing gawen irang rajah ngaraniya, pada ya tan saneh-saneh den iranguhakna kabeh, ya rajah ngaraniya.

[4] Ikang tamah ngaraniya, malemeh ya ring gawe ayu hita, makadi ring sarwakarya karta, sakteng setri lawan pirak jenek ing pangan kenum kewala, lewih turu, manamtami wisayan ing indriya, tan ana ikang sastrajnya ginegeneng ati, jahat kalesan, bwat ing mada moha, anasar sakeng dharmaji, langgeneng guru tiga jenek ajudi atoh-tohan, gaweniyangadu manuk mwang sawung, sadakala gaweniya ambencana rwangniya, antyanta dusta-cita durjana amiranti, amatyan ing wang tan pa dosa, andesti anuju aneluh anerangjana, amoro amoken, papasangan, papendeman, sasawangan acep-acepan mwang agawe raga-dwesan ing bumi.

Ika ta kabeh, pawak ing tamah ngaraniya.

Kunang ikang rajah yan amaling unggwan, ya atemah kroda,ya lwat ya langgeng, ya ulah ya bayu, mapakena ya ring sarwa karya, wani mwang agalak, ya ngaran rajah.

Ikang tamah, ya atemah geng loba, sada ya tatakut, tan mahyun ing ulah gawe ayu.

Ikang satwa, yamaliheng tresna, jenek ing dharma yukti, makangga wani wedi, ya sih ya krodagalak, kewalyanut ing kala desa sojar ing rasa sang hyang aji, ya ngaran satwa-karma.

Mwah katatwaniya katiga, ikang rajah anguhaken bayu, satwa anguhaken sabda, tamah angulahken idep.

Dadi tri premanan ing buwana sarira, maka engga tri buwana, triaksara, apan maka suraksan ing sarat kabeh, katingane duk anunggaleng bumi, ya mulan ing triaksara, duk anunggal dadi mantra, maka urip ing wrehastra.

Kunang ikang panca maha bhuta, lima praktyekan ing sanakniya, ngaraniya swang-swang; pratiwi, apah, teja, bayu, akasa.

Pratiwi ngaran ing bumi, bumi nga. Seneng; seneng nga. Lulut oneng mwang hyun, seneng nga. Langgeng.

Apah ngaran ing wai, wai nga. Toya, toya andel ing surya, surya andel ing smara-sunia.

Teja ngaran ing apwi, apwi nga. Sakweh suteja dumilah, apadang anadehi buwana tiga.

Bayu ngaran ing angin, sakweh ing angambek-ambek, sumirir ing buwana masang surud, wenang ageng anepaki bumi, wenang alit sajawamut pinara pitu.

Akasa ngaran ira tuwya langit, langit ngaran ing adoh alwa gambireng luhur, adoh samar-samar, leyep katon alengis abirwanimbunaken sad-rasa mwang sriya aneng tri-buwana.

Yen ring sarira, ikang pratiwi atemah langgeng; apah atemah matut alyus; teja atemah apwi suluh amadangi; bayu, ikang ulah mareng ala ayu; akasa, panunggaleng papat sanak.

Ya atemah panca sila ngaraniya.

Kunang sedeng nirangandel ing panca indriya: pratiwi atemah seneng lawan hyun lulut oneng; apah atemah edan kasmaran; teja atemah patemun ing tingal amredyaken ing sarwa bawa mwang sariraksara; bayu angulahaken ing sarwendriya, wisaya aneng tri-buwana; akasa, ngaran ing patemun ikang sarwa sad-rasa aneng ati.

Mangkanolahing panca indriya.

[5] Pratiwi mangandel ing wulangun lupa awera. Apah angandel ing duhka sungsut. Teja angandel ing elik krodha agalak. Bayu, gelis angulahaken. Akasa angandel ing muda punggung.

Mangkanolah ing panca wisaya, ya panca mala.

Duk angandel ing ayun ing panca sila, atemah panca stuti, ya atemah pancamreta, ri sang maha-pandhita telas ing reh.

Kunang ikang dasa mala, kapwa ya asilih lawan nawa sanga, sedengniya amredyaken dasendriya, ngaran ing sepuluh sanak dadi sanunggal siji swang.

Pratyekan ing ulahniya swang-swang, kalaniya ametwaken mala-wisaya ngaraniya, anusup pwayeng nawasanga, ya dwara sanga ngaraniya, twin lengning tutuk, karna rwa, irung rwa, netra rwa, mwang pau pasta rwa.

Sedengniya aneng tutuk, malaniya angrase sarwa wirasa, panepengeng pangan mwuang kinum; juga gaweniya jenek ing jihwa tan ahyun kurang sad-rasa. Kala asabda tan mahyun kasor ing wuwusniya, sakweh ing kagiri-giri mwang katatakut pinakojarnia, lawan sakwehniya anglare atin ing samanika pinaka wungan bawahniya, agurawa-gumawa lawan rowangiya pada moha-cita, jenek pwa ya angalem sugih kami, nindeng kanista daridra.

Mangkanolah ing mala duk ing cangkem, sada nitya ya anglenyok i sabdaniya kurang dowang.

Kunang ulah ing mala sedeng ing kapa rwa, jenek ya angrungu sakweh ing sabda nispala mwang sakweh ing swara anglare ati.

Mangkana wisayaniyeng karna.

Mwah ulahniya duk ing irung, malaniya angambu sarwa durganda mwang amis.

Mangkana wisayaniyeng irung, juga ya angde laran ing cita.

Mwah kalaniya angandel ing soca karo, gaweniya anonton sarwa kweh ing mahala, katatakut kagiri-giri karesres, sarwa wiwarna, kapwa anglare ati,

Mangkana ulahniya sedeng ing netra rwa.

Kunang ulahni malaniya sedeng ing payu, malaniya angising tan manut ing unggwan, mangentut tan adistana, juga ya angelare ati.

Mangkana ulahniyeng payu.

Mwah kalaniyeng pasta, pinakolah malaniya, paradara, tan angitung setri rarangan, setrin ing kadang warga, wang sanak wang mitra, kewalaya olih yasetri, lingniya, ah setri ayu uwus iki, ikeng kaseneng ku iki.

Mangkana angen-angeni si paradara, tan angitung yadin tinindan mwang anguyuh ya tan manut ing nggwan, juga ya angawe laran ing ati mwang ametwakena duhka wigena baya ewuh ring sajagat.

Ika ta kabeh sawak ing dasa mala, wenang kayatnakena de sang mataki-taki brata ring jagadhita.

Kunang sedengniyangandel ing dasendriya, sedeng ing cangkem, jenek ika ngucap sarwa ayu, sakweh ing inak rinenga, mangudani kang buwana, ametwaken tutur samahita, ndan asing maka palang ayu mwang ita-wasana pinaka wungan bawah nira, mwang jenek ing rasa ayu, sarwa sad rasa lawan surasa aneng jihwa, tan mahyun ametwaken alan ing wuwus, sakweh ing nispalani riking rat, mwang ala-ilan ing bumi mandala, tuwin satyawadi atah pinaka pajar nira,tan mahyun ing adwa mojar,

Mangkana reh nireng tutuk.

[6] Kunang pinaka reh nira duk angandel ing karna rwa, jenek ika angrungu sarwa susabda ayu-hita, mwang asing anginaki ati, amradyaken ing gaweniya ayu, magawe kasusilan kasutapan irakang rat, gelem angrenga pitutur, tinuturan sangkan ing molih ayu, ya rumesep ing ati tatan ade, yadin parundingan tabeh-tabehan sarwa susabda angilwaneng buwana.

Mangkana reh nireng karna, yan pagawe tyageng ati.

Mwah sedeng nira angandel ing irung, suka ya angembu sarwa suganda mwang sarwa wawangi riking buwana, sakwehing ametwakena lulut oneng jenek ing ayu, anginaki ati palan ing ambeniya.

Mangkanolahniya sedeng ing irung.

Kunang kalaniyeng netra karo, jenek ika anonton sarwa ayu, sarwa suwarna, sarwa surupa, sing ametwaken tutur prakasa, menget ing sarira mwang ala ayu, tan mahyun manon ing wiwarna.

Mangkanolahniya duk ing mata, juga ya ametwakena suka lawan inakeng ati sada kala, mwang amedyakan ing sakala jagat.

Mwang sedeng nireng payu, angising angentut angiringi kala-desa kasukaniya, tan mahyuniya mageleh ring sama-samaniya dadi, manohara juga ulahniyeng payu.

Mangkana ulah nireng buwana ayu anginaki para loka.

Kunang ulah nira sedeng ing pasta, mangeyeh swabawaniya, mwang anemwakena sukla-swanita gawen ika lawan setriniya kewalya, lawan ya anemwaken hyun lawan lulut oneng, tan mahyun i setrin ing len, yen setri tan mahyun lakin ing len.

Yen anemwaken ing sukla-swanita mwang anguyuh, pada anut ing kala-desa, lawan subadiwasa, candrayu.

Mangkana rehniya duk ing pasta turuk.

Kunang sedeng nira angandel ing taleng ing ati, maha-samadhi ring pasir ukir swabawaniya, ameng-ameng asusukan kaharepniya, akerik akaramas abresih gaweniya abyas sadakala.

Mangkana pangawesan ing dasa indriya ring sekala jagat, meta ramyan ing urip.

Kunang ulah ing dasendriya, sedengniya amalih unggwan manadi dasa sila, du king tutuk, tan raket ing sabda ala ayu mwang surasa lawan wirasa.

Sedeng ing karna, tan jenek angrungu sarwa susabda mwang alan ing ujar, mapala mwang nispalaniya.

Duk ing irung, tan raket ing sarwa suganda mwang durganda.

Duk ing netra, tan rumaket ing sarwa suwarna mwang wiwarna, sarwa surupa mwang wirupa.

Duk ing payu, weruh ing kala-desan ing angising, tan pagawe ala ayun ing wasana.

Duk ing pasta, manut ing prayogan ing angeyeh, manut ing unggwaniya mwang tan karaketan ing juhwa-pasta, suraseniya lawan wirasaniya.

Yan cipta budhi manah, tan pangangen ing sarwa sadrasa, tan raket ing sarwa ya, tan pakaryan ing rat, tan raga-dwesa, ngaran ing ai tan oneng, tan ana elik nireng ati, tan atakut tan awani, sudira juga sira yar adegaken ikang ati sudha alilang, ngaran ing liyang lawan apadang mwang ambek kawiratin, maka sahayang brata mwang tapa, tan malupeng mantra puja, yoga lawan samadhi, malamakan sojar ing hyang wedha-gama mwang tutur prakasa.

[7] Ikang dasa mala ngaraniya, kapwa kinukud mareng idep.

Kunang pancamala, sinimpen i lengning ati. Ikang tri mala inenahaken i padang ing ati.

Mangkana reh sang weruh.

Kunang yang tan mangkana deya sang pandhita, byakta sada ya asyang anuntun mareng kawah, maran asambada rikang wisayan ikanut ing wulahniyan pareng naraka loka.

Makulilingan aneng blagada, kasilem ing endut kawah tahi, naraka ngaraniya, tuwi si geng tresna duhka sungsut, kawah endut blagada ngaraniya, menen ginawe, menen katemu palan ing gaweniya duk ahurip, inandehan ing geng loba ewuh manastapa.

Kawah ta ingaraniya, tan ana dewa kala masiheng ri ya, maka nguni-nguni tang yaksa asura, sing perih niya tan prasida, ya wastun ing pataka anemu papa ngaraniya.

Kawah agni ngaraniya, tuwi sawak ing geng kroda tan kena sinayutan mwang tinahenan, ya sawak ing gentuh apui, kaya wang tiniban ing upadrawan ing hyang, sada mosah masekel mosek ing nala, ametwaken lahru ring angga sarira, tan weruh ring rasangenaka, magawaya wyakulajnyana, prapanca budhi, angayam-ayam wastu tan ana, ya wastun ing kawah apuy, kaharan papa panas bara.

Ikang mangkana kramaniya, tan urung ya adudwan mangde ksayan ing wang jagat-raya, makweh ya meh tinekan ing hyang mretyu, apan kapyuhan meh tekan ing anteka, abyuran tan weruh ing de, amoga ya atemah tukar.

Ri uwusniya wyadi, byakta ya tan wurunganiya tiba aneng rorawa-desa, tuwi ya ngaran ing kawah tambra gomuka.

Kawan tombra gomuka ngaraniya, ikang jambangan amuka lembu, rorawa ngaran ing sang inarep-arep adudwan ing ati salah sahur, salah asa, salah idep, salah ulah, kapwa ya salah sakeng dharma, anasar sakeng susila, ngaran ing agama.

Lembu ngaran ing dharmaniya, dharma ngaran ing yuktinikan dadi, amuka ngaran ciptan ing angen, pada salaheng ujar, jambangan ngaran ing metuniyeng tutuk.

Yan mangkana awisti ya apuharatukar, silih cidra lawan ika rowengniya, amoga ya amredyaken wyadi, atemah wyawahara wekasniya.

Ri uwusniya sada wyadi wyawahara ikang wang ing buwana, apan kapwa ya moha angaku weruh ling niyeng angen, entuniyan pada tan ahyun kasoran wuwusniya siji swang, lewih dahat pwa ya gengning irang, yapwan kasor ing ojar.

Mangkana ambeking wang kasaputan ing kali-sangsaran ing bumi, lwir wang awera padaniyambek kang rat, kapwa anasar sakeng sakeng sudharma sang hyang, lawan siladikrama, ngaran ing si tan mahyun manut i rasa sojar ing aji, ikang sayoga pituhun ing dadi, leheng pwa yengulah dharmaniya ngawag, etuniya sasar pati-purug patitaha, apan pada anganggo sikan ing angen dharmaniya dawak, tan mahyun atutalyus asih kumasih ri sama-samaniya dadi, amoga ya akweh silih unduk, silih danda, silih cindra-cinindra lawan rowangniya, kapwamet sarana-sraya mareng waneh.

Risamangkana ulah nikang wang, saksat tiniban ing kawah tang buwana ngaraniya, maka nguni-nguni tang sarira, ya tikangde udan salah masa tibaniyeng jagat raya, wetun ikang sarwa wija larang, moga atemah lahru tikang rat, tulya udan apuy i rikang tri-buwana, wredi ikang mrana lawan bicaran

[8] ing bumi, metu tang lara roga, gering tan ana selaniya angasut, akweh wang mati tan manut ing masaniya mati.

Ri samangkananiya rikang wang ring buwana, ya tika wastun ing anemu papa ngaraniya, amoga kasasar petaka ya tekap ing guru tan uningeng anak, anak tan baktyaguru.

Yan mangkana kramaniya, herug tan buwana ngaraniya, apan ikan kadang tan kadang, mitra tan mitra, wang sanak tan sanak, tan anak twi bapatuniyatut tur asih.

Mangkana ambek ing wang sakteng setri lawan pirak kewala ri ati, byakta ya kapwa kahilangan ing kretabudhi, ngaran ing si yukti karyan ing dadi hitayu ring wasana, ri wekasniyan satru byaktan tekambancana sadekala.

Yan mangkana, niyata ala awareg tang wang mangkana kramaniya, palan ing tan baktya i sojar ing Hyang Guru Tunggal, kapwa ya dinandeng hyang, dosaniya tan mahyun yan amatut alyus asanak akadang-warga samitra ya ring samaniya dadi, ya tika kaharan wang tan anut i sudharma sang hyang, apan sang sinangguh pwa yanak-anak ing hyang, nguniya-nguni kasubagan ireng tri-buwana, kapwa winuwus ta sira sakti maha-wisesa i rikang buwana yan sembahen, nda tapwen ana juga siran aprabeda matra lawan rowang nira samasaman ing dadi wang twin hyang, kapwa sira aganti-ganti sor amingluhur, kaya rupan ira ikang wus tinakteng aksara aji, pada wenang silih diri ya ring sor ring luhur.

Mangkana tuwi yopamani solah bawan ing hyang, dewa guru sesuhunan kiwa tengen, pinupul bhatara-bhatari lawan dewata-dewati mwang gandarwaraja, tan ana gaman tan iran wyadi tukareng ati matra, kapwasih silih asih ta sira aganti-maganti sang pinaka agra, manut i sarwa karya lawan ambeking Hyang Dewa Guru.

Mangkanolah ing dewa dewata sada anunggal kapwanut ing nggon i stanan ira kabeh anut ing ulah lawan ambek, ya tika etunira yan sinanggah Hyang Siwa Guru Tunggal, apan tunggal ling niresin ing tri-buwana, tuwin pinakawak bhatara, matangniyan ikang wang, ayapa ta pwa tan mahyun baktyang hyang ngaraniya.

Bakting hyang nga. tuwin si manut alyus asanak akadang mitra, angekajnyana asih kumasih ring sama-samaniya dadi, byakta ya kabeh anemu wigena maha-bara, sada ewuh dinandeng hyang, kabanda puharaniya pinerang ing satrun ika purik i riya, amoga sarosa.

Mangkana palan ing wang tan mahyun anut i sudharman ing hyang, kayanguni purwa-carita.

Kunang syapa ta sang wenang manut ihyun ira Hyang Siwa Guru Tunggal, hun iramerih asih kumasih ing buwana angakajnyana lawan samaniya janma, tan angitung sor pangalewih, kewala dadyaken ing buwana lawan sarira, apan ikang wang ngaraniya, kapwa ya utama yan weruh i prayogan ing gana-gana ganitaniya swang-swang , ling Hyang Guru,

Yan mangkana alah ing ambek ikang wang ing buwana, ya kaharan bakting hyang, byakta yan jaya sasolah bawaniyeng rikang rat, apan sakeng sreda sang hyang, etuni yolih niya pituwi, yan wahya wibawa lawan suka byudaya, yadyan ka pada-moksa mwang acintya nirawarana, ika ta ka rwa, yan ana gamantaniyang wang tuhu baktiniyang dewa-dewi, pinintan tapwa ya siji swang, byakta yan kinasihan ing Hyang Ardanareswari, sapininta kang wang baktyeng sira swang-swang, sakahyuniya tuwi prasida ayu, kapwa molih kasobagyan ing

[9] bumi mandala, winuwus pwa ya aneng tri buwana, jaya satru ta pwa sira, apan pinujin ing Dewa Kala Manusa sakti.

Sangksepaniya, tuwiniyasing wang yan wenang tunggal i riking rat lawan samaniya janma, ya kaharan bakting hyang, tatan wanehan ikang wang pinakagran ing tri-buwana.

Yan mamet palan ing dadi, sekala niskala ayu hita ring swasana, maneyadin wekasniya dlaha, ngaran ikang ulah mangkana.

Yen ring sekala suka kewalyatah kabukti deniya sadakala, ri tekan ing pralayaniya, lewih sakeng swarga pwa ya katemu den ira, ngaran ing amor ing Hyang Suksma Licin, tankeneng ucap, tan keneng angen, luput ing suka suhka(?) mwang panas tis, kewalya hneng-hning atah binuktin ira, tan mingsor tan mingluhur, tan anyatur buwana.

Yaniyangjanma muwah, ping sawelas ya molih ing dira bawana ambukti suka kewalya, pinupul ing wadwa akweh, tuwin sakti wisesa aneng jagadita, sidhi sabda pan mawak jati, sing perih kpawa ya prasida, sing para sewaka yar anemu swargadi lewih sangkeng dadi.

Mangkana palan ing kasutapan lawan kasubratan, nguni ring purwa janmaniya.

Kunang sin tan ana hyuniya rawa, yadyan ping sawelas ta yangjanma, tuwi mwah pwa ya dadi isin ing blagada, manglalah i mandala,katekan ing mretyu pangan ing asu.

Mangkana palan ing ulah papa ngaraniya, ya wastun ing manemu kawah ikang raga sarira, apan sadakala tiniban ing sabda ala, tan awedi pwa yolahniya yadin tinindan, kewalyolih ya maerih sukaniya dawak, tulyeng wawenang amurugul i rowangniya asing aganal ta pwa yangalan ing alit.

Mangkanolah ing wang tan mahyun yan manut i sudharma sang hyang, ya sawak ing upradawa dinandan ing hyang.

Mangkana alan ing wang tan enget ing kawiwitan ngaraniya, mulan ing ananiyang nguni purwa janmaniya, apan wus ana ta yobaya-itaniyeng hyang, sedeng asewaneng giri sumeru, nguni ring asitkala-carita, ri kana pwa ya ana sabdan ing Hyang Siwa Guru Tunggal i rikang mulan ing manusa.

Ling nira nihan, …ai kamung manusa, ndah rengwakeneki pawekas mami iki ta, katutur akna kapwa ubayahita anaku, lawan siranaku, sakeng mangke teka yar wekas, marapwan tan aprabedang ulah lawan ambek lawan aku, wenang anunggal aken ing bhumi mandala, ngaran ing buwana tiga pinisanekan ing ragasuniya dadi tunggal, ya mulaniya ana sinanggah manusa tunggal, ri deniyan weruhmu anunggalaken sarira mwang ring samaniya janma, lawan ring sarwa ya isin ing bumi, apan manut ing ulah gurunku Hyang Tunggal, ngaran ing si tatan aprabeda aneng jagat kabeh.

Mwang manusa sakti pinaka ngaranta waneh, apan lewih apageh ring gawe ayu, makadi ring sarwa karya-karta, makelan ring panes tis lawan suka suhka, tuwin sudireng manahta kewalya, pinaka awanta yan mamet aku, maka bratang ka panca silan, pinaka ratanta ta pwang dasa sila, maka patapan pacatur ing wadwa papat sanak, maka buminta raga-suniya, pinaka giriniyang guru-susrusa, makawananteng suka-cita, maka udyante tuwyabener, pangebanta ati santa, padyusanta hneb aheninga, maka kambanga wulat arum, mapala manis ing wuwus, catur jaladi si tan panepengeng pangan mwuang inum, pinakakamulanta hyang tri suniya, ngaran si tan sakteng setri lawan pirak.

[10] Mangkanolahanteng buwana, maka sadananta wenang ta pwa kamu makawak manusa sakti, apan sakeng asihkwi kita, etun ing wenang tamor ing aku, aku amor ing manusa sakti, ri pandithanmu yan pangekatwan ing aku, ya ta pinaka marganta tuhu ya marganta yan sinanmateng aku, yan masunganugraha sakahyunta, yan kasaktin ateguh alwat malit ing kadidin, yadyan kawisesan anunggalaken ing tri-buwana.

Yan maring akasa, ya angegep ing wai, yan maya tan maya, yadin katon tan katon ring buwana, makawak sakedap ganti-meganti tulyang maya siluman, wenang teka tan pasangkan, wenang mur sapalungguhan, nemu-nemu tan kinaweruhan i lakunta, yadyapin kawibawaneng dadi sekala jagat, mwang pandhiteng danur-wedha, lawan widagdang danurdara, sudira wani maka dadahang urip ring buwana, yan maka palang ayu hita ikang rat, lawan maswitaku yan makonmu amurukang aji, amarah-marahaken ing rasan ing ujarku ikang wus tinata aneng sarwa tatwa tutur aji aksaran, maran pada weruh yan panembahang aku, sapininta tuwi yan wenang manut ring sudharmangku iki, taher ta pwaku masunga aran i kita manusa sakti, ngaran ing Sri Aji Japana, pinaka agran ing loka-cara, sinanggah maka cudamani Sang Pandita Catur Asrama.

Sakeng mangke pwa ye bayangkwi kita manusa, kateka tekeng dlaha ri santana-pratisantanamu wekasniya, yaniya teher wenang manuti sudharmangku kaya nguni, purwaka-carita, byakta ta aku tyaga masih i riya.

Mangkana ling Bhatara i yar wekas-wekas i mula prastawan ing manusa nguni, purwan ing asitkala carita, etuniyan ana katutananta mene bakting hyang, aku lawan siranaku kataken ing mangke, tinut den ing loka-cara, tan mangdoh ing sudharma Sang Hyang.

Ikang ulah mangkana ngaraniya, ya tika kaharan wang turunan ing hyang, apan pinaka anak-anak ing Hyang Siwa Guru Tunggal, mwang kangkena sakula-gotran ira Hyang Susuhunan Dewa-Guru.

Sakula-gotra ngaran ing anak sakeng dharma de Bhatara.

Mangkana palan ing wang bakti sira, tan alupeng tutur kamimitan ngaraniya, tuwin sira kawitan, mwang kawangan ing dadi sira, stitiya ta pwa sira mulan ing kawangsan, apan mulan ing wang sabumi, tuwin tunggal ling sang weruh, matangniyan asing tunggal ring rat kabeh, kapwa ya jaya saprayojnyana, sida sasinadyaniyang ayu purih, apan dewa lingga, tuwi yan sasolah bawaniyeng buwana, rinakseng hyang maha luhur, tuwin tan anemu papa sekala, palaniyang nirukti ngaraniya siji swang, kaharan manusa tunggal, matutur ing pasewan Hyang Tunggal.

Syapa pwa ya wang tan mahyun manut i sudharman ing hyang, mangkana kramaniya, byakta ya anemu papa, sangsara sasar-susur sungsang-sangsing, sakala niskala tan olih rasangenaka, patimbunan ing kawah ngaran ing siwya kulajnyana prapanca budhi, rupan ing tan enak turuniya, amoga ya angayam-ayam wastu tan ana, tulyeka upadrawanta ya dinandeng hyang, dosan ing tan atutur ing mulan ing mula kawangseniyang kawanganiya nguni purwa janmaniya, ngaran ing pawekas ing hyang agung maluhur Hyang Tunggal, yadyaniyan maha wibawa pituwi, ngaran ing si sugih mas raja-peni, tan kurang sarwa upaboga sinandangniya mwang sriya, byakta ya anemu papa dahat, twasniya anasar sa-

[11]keng sudharma Sang Hyang, apan maluipeng kadadin ngaraniya, si tan atutur i pawekasning hyang nguni asitkala.

Ling nira, yan ana wang tyaga bakti pwa ya asewakang idepniyanyipta anut i sudharman ing hyang, dewa juga tan ana sredan ireng wang bakti, ika ta pwa Dewa cora-baya ngaraniya, ling nira byasa-wacana, sedeng ing astina carita, yan ikang wang sadanasar sakeng sudharma Sang Hyang, ngaran ing si tan tuhu baktiniya sumembahe sira, ya tika ngaran ing manusa lewih alaniya, pawak ing dorakala kali-sangara ngaraniya, maka patimbunan ing ala ila ibeking sarwa wyadi, ngaran ing si tukar ing cipta budhi manahniya dawak, jenek pwa ya anaya-nayeng samaniya, mityeng ujar, manglinyoki rwangniya, malupeng sarira, apan pramadeng ayu, ibek mala wyoga ya pasah lawan rowangniya, silih cidra ya ambencana kabencana den ing gawenia kapwa jenek ing ala, pada ya lobeng kama artha, kapwa ya awera wareg puji, tan atakut yadin tininden, kewalyolih ya anamtami wisayaniya dawak, malaha tar wikana.

Mangkana palan ing wang malupeng kadadin, tresneng sarwendriya, katalyan ing duhka bara, inandeh ing sada ewuh, pinupul ing sadigawe, gaweniya moga wulangun, sing perihniya tan prasida anasar sakeng ayu.

Matangniyan si dadi wang ngaraniya, aywa juga sira yar pramadeng ulah ayu, ngaran si manut i rasani sojar nira Sang Hyang Aji, ikang sayukti tuten, sing maka palang ayu, si tutur samahita amredyakan ayu mene wekasniyan tekan ing patiniya dlaha.

Yadyapin kama artha pwa ya sadyan, yuktiniya dharma juga pinaka agraning ulah karuhan,

Yawat ikan mangkana, niyata pwa ya kasidan ing kama artha arah, marapwan ayu pangjanmante wekasan, yan pasyang ing wisaya yan makona mamet ikang artha kama anasar sakeng susila, aywa juga siran manut, ika bancana ngaraniya, apan ametwaken ta pwang nispalan ing dharma-bhudi.

Kunang ikang wenang gaweyakena, aywa ta nispalan, yadyapin sekala niskala tuwi, yan tasadyamrih ing setri lawan pirak, aywa juga sira ulah angulahaken i sakwehniya dadi kelik ing rat.

Ndan asing maka palang ayu, sukan ing sabumi, pinaka marganta yan ahyun anamtami wisayan ing sarwendriya, si tan anasar sakeng siladi-krama mula.

Mwah kanista madyotaman ika petan ing artha ngaraniya, wolihniya manggaga sawah ambabad ing tegal pakubwan, ya itka kaharan wolih saking lalepan ing tangan, tuwin utaman ing inutama kajar ing aji, pinaka marga de Sang Resiwara yan amerih wibawa lawan sriya.

Mdah apa pwa ya etuniyan sinanggeh utaman ing utama ring ta atanya ri aku, kumwa pwa yanaku, apan nguni sedeng nira amurwa tang gaga sawah ambabad amalukwa mwang amacul, amerih juga pwa ya sih ning Hyang Jagat Karana rumuhun, mangastuti sira aminta anugraha saha cita nirmala, kamenan ing wang nanem palawija sarwa tinandur, maka Sang Hyang Gana Wacana, enak pwa ya den imamrih kapetan ing wibawa lawan upaboga aneng bumi, maka sahayang bayu langgeng, makelan ring panes tis lawan suka duhka, tan angitung ing wlekang alapa, amangen sega sakepal, toya sahatapan, gangan sapang, enak juga pwa ya citaniya amerih-merih ing gaweniyangdadyeng buwana, angurangana wisaya lawan pangan kinum, tuwin suka juga pwa ya i solah bawaniya, tan mangde duhkan ing para, samargan ing molih pala.

[12] Yadyan akedik, yadyan akweh pasung ing Sang Hyang Jagat Karana, tyaga juga sira asewakang bhatara, aminta ayu werdin ing sriya, lawan kadirgayusan, ngaran si heneng hening ing urip.

Yan pameta sarwa karya karta, makagraniya pada suka aneng sabumi.

Mangkana tuwi dharman ing wang mamet artha aneng bumi mandala, tebeg ngaran ing langgeng, anebeg ngaran ing anambah, nambah ngaran ing pamintan mwang anut ing sembah.

Ambabad ngaran ing sarwa tutur aji aksaran, kapwa yatata den iran wruh.

Amulukwa ngaran ing mulan ing tri tatwa, apan ika sangkan ing molih, sakwehning karyan ira yan prasida.

Ya tika matangniya sinangguh utaman ing utama ri kapetan ing artha pagaga sawah ngaraniya, ri deniyen sakeng suka kewalya kapetan ika, anginak-inak ta pwang arthan teka, manda-malon pwa yan pamalihniya wekasan, tuwin aputeren swabawan ing artha lunga teka, tan langgeng pinakolah nirang buwana, mincang mincung mareng sugih daridra, sadalan pwa ya ring sriya, ya sugih ngaraniya, ri deniyan kinahanan ing suka kewalya, yan pamerih sukan ing sasarat kabeh.

Mangkana pwa ya karananiyan senggahan dana utama ing utama sajor ing aji, pinaka marga de sang sinanggah brahmana, yan mamet kawibawan lawan upajiwan ira, mwang sinandang nireng buwana sarira, pinaka lamakan ing dharman iran pataka-taki brata, amredyakena ayun ing jagadhita ya, apan sawah ngaran ing carik, carik ngaran akasatmaka, akasatmaka tuwi wekasning pati sang maha pandhita telas ing reh.

Muwah ikang utama dana ngaraniya, wolih saking anulung musuh, aperang wacana angadwaken ikang kawicaksanan ireng aji kabeh, anemwaken i rasan ing wedha-gama, neher ta pwa ya kabanda sakwehni satrun iresojar ing sarwa tatwa tutur prakasa, kapwa ya manut mareng ayu, mangadaken ubayahita yan pareng agawe ayun ing jagat raya, samargan iran molih kawibawaneng dadi sekala jagat, lawan kasubagan ing bumi mandala.

Ndatan pwa kalen mwah kiningkin ira, kewala sukan ing buwanangekatwa asewaka anunggal i sira, yatah pinaka mulan ing angen-angen iran sadakala, samargan ing ayu hita aneng tri buwana.

Mangkana ulahan ing ksatryotama ngaraniya, yan mamet wibawa sakeng ayu, tyaga ta sira amarahana, magawaya tutur sari-sarini rikang buwana, tan alupeng siladikrama, kapwanunggaleng sira, yan pareng ayu mene wekasniya, ri molih niran wibawa sakeng sila-kramayu ngaraniya, ya juga senggahen utama-dana, ri sang Ksatrya Pandhita.

Kunang ikang sinanggah madyan ing dana, wolih sakeng ananguna yajnya, ngaran ing perang adbhuta, jaya lawan kaprajaya.

Apa pwa etuniya sinanggah madyan ing madya, ri seniyan maha-durgama kapetan ing dharma ngaraniya, yan jaya ta pwa sira, molih ta sira suka mageng lawan sriya, yan kaprajaya ta pwanaku, molih ing dira-bawana, ngaraning suralaya-sabha, amor ing teja maya-maya, palaning sudira subratang ayu kasuran maka dadahang urip nireng buwana.

Ngkana pwa ya ambukti suka kewalya, ya tika etunikan sinanggah dana madyan ing madya ngaraniya, apan sareng amasang surud lawan sarira, ling nirang parasurama karenga ring rat kabeh, pinakagra sumpang ing sang ksatriya purusa.

[13] Muwah tikang madya-dana ngareniya, walih saking adwal atuku, apalwa ya alayara umentas ing tasik, samarganiyan molih palan ning gaweniya, wredi ta pwa ya mas artha lawan sriyaniyaneng sakala jagat, wenang suruda teng arthaniyan kalanika adagang alayara, ya waisya-karma ta ngaraniya, juga inandelan ing pasang surud lawan suka duhka, mapala nispala, ngaran ing lewih suka pwa ya wredin ing artha, ageng duhka niyeng ksayan ing kamulan ing mas rajapeni.

Mankanolah ing waisya ngaraniya.

Kuneng ingan ikang sinanggah nista-dana ngaraniya, dana olih sakeng anakbi mwang sakeng alapa upah mwang aminta-minta, ika ta kabeh, kapwa nista ngaraniya, ri deniyan ewuh pwa ya wredin ing dana mangkana kramaniya, apan enggal ksayaniya, suwe ya wrediniya.

Kunang ikang nistan ing kanistan-dana ngaraniya, ikang dana ulih ing ajodya, ngaraniya ngaran olih saking wisayaniya atoh-tohan, yadyan olih saking angadu sawung tuwi, pada ya nistan ing anista ngaraniya.

Paran pwa ya etuniyan nistan ing nista, yan mangkana lingta atanya ring aku, ri denyan adres pwa ta tekaniya lawan ksayaniya sadakala aneka-kena ewuh ing ati, sada mosah, rupaniyan tan inak rupan ing turuniyeng dina ratri, ya tan kasaputan arip mata, tan sah pwa ya angayam-ayam wastu tan ana, wyakulajnyana inandeh ing prapanca budhi, lwir wang kasaput ing agni sawukir padaniya, apan tan inaki deniyamangan anginuma, yadyan alungguha tuwi, ri deniya tan sah pwa ya stiniyeng nggwan i wisayan ing pajudyamerih ing lawan alah menang.

Ikang alah menang tuwi kapwa ya ametwakeni panas ing ati sang pandhita.

Kunang yaniya menanga, tatan wenang pwa ya dana kena ikang artha mangkana kramaniya, yadyan ing pinekasin ing dana puniya, sawak ing yajna Sang Resiwara.

Yan ana wang muda punggung sakteng wisaya mangkana kramaniya, byakta pwa ya nispala sakwehing dana puniya i riking buwana, yadyaniyan agung alit nista madyatama tang yajna, tan tinarima de hyang susuhunan kiwa tengen, nguniweh arin ing Hyang Daneswara, kapwa sira tan ahyun mangraksa yajnya mangkana kramaniya, ya tika ngaran ing hyang-karya munguraken hyang, etuniya akweh pwa ya atemah wyadi wigna atukar ewuh wyawahara, apan kapwa ya awera saksat sadanbukti wisa, apan sakeng wisaya pwa yangenakena yajna ngaraniya, etuniya binalikaken purihniya den ing hyang, kapwa ya anemu wisa, ngaraniya ai panas bara aneng ati, ya tika matangniyan tan wenang den akna artha olihning ajudyatoh-tohan ing Sang Pandhita, apan kewalyagawe salisuh twas mangel tan papekena, ametwakena ksayan ing ayum teka ri sang darmika.

Muwah pratyekan ing dana lewih sakeng nistan ing nista ya ngaraniya, ikang dana olihniya manaya-nayeng rwangniya janma, pada lawan ikang dana olihniya amaling, ambegal ambahak, ngamet upah amateni wang tan pa dosa.

Ika ta kabeh sawak ing olihniyeng dana papa-budhi ngaran ing tan wenang winaweng yajna Sang Resiwara, byakta ya anakaken letuh ksyan ing ayu ri sang metaki-taki brata, tuwin mangkakana wigna geng ksayan ing sriya lawan rajapeni, kewalyamredyakana kapapan juga doniyan ana, wenang pwa ya

[14] kayatnakena de sang mahyun ing dharma-budhi i riking buwana, lawan heningning kapatin.

Kunang ikang dana olih saking rama renanta, tuwin madya juga ngaraniya, kaya nguning carita.

Ya ta matangniyan anaku kita Sang Aji Saji, aywa juga sira wani pramadeng sojar ing aji kang sayoga pituhun, marapwan tan anasar sangke sudharman ing hyang, perih pwa ya pengpengen rasani si dadi wang ngaraniya, malamakan si duga-duga bener, lawan si tan amerih kapeta nikang sinanggah dana nistan ing kanista kaya nguni purwa-caritangkwi kita, apa tan papakena.

Mwang ikang dana lewih sakeng nistan ing kanista, aywa sira maweh parak parek, sinanggahakna ta pwa ya kabeh, tuwin wenang senanggahen satru maha-pandhita dharma-budhi.

Apa pwa ya etuniyan mangkana, ri denian ikang dana olih saking lewih nistan ing kanista-dana ngaraniya, ya tika ngdeya sigra menga sakwehni dwaran ikang kawah, peteng pepet inineb ta pwa lawang ing swarga kabeh.

Ri sang jenek mabukti palan ing arthan molih sangkeng nista dahat ing nista, terus ya pwa tumut teka ring sentana-pratisentana, ngaran ing anak putu puyutniyangdadi makesin ing blagada, ngaran ing sawak ikang rorawa, sakwehning prapanca-budhi patitaha, mwang salwir ikang inaggeh kawah kapwa ya atimbun atapa rerya, apan ananiyang nguni ring purwa janmaniya sangkeng dusta dursila, marga gelem angeliyoki samaniya janma, sadanasar sakeng susila, ya ta matangniya ni wekas nikan tolih pwayeng mulani ananiye nguni purwa muwah, tehera ta yaselurun silih-sinulih ing yamani, kapwa ibek supenuh lwir pasu welakang alapa an pamet pangan kinum.

Ana atukar sangkan ing kapangan aplukan ta ya atarungan, anan silih renggut silih dedel ta ya lawan rowangniya, silih sawut, silih danda, pada ya galak silih banda, arebut pangan inum lawan setri, anan silih suduk sikep.

Mankanolahniyumbek ing kawah ngaran ika, kapwa lobeng jihwa pasta, tan ungingeng setri mwang lakin ing len, nguniweh kosan ikang wang waneh, apan pada ya lupa awera tiniban ing guru-sapa, matangniya angimul-imul solah bawaniya, aywaneka tulya satwedan, ya tika kaharan tiniban ing Dewa-danda, apan langgane sojar ing hyang wus atateng rasan ing aji, ya wastun ing naraka ngaraniya, tuwi ya pwa angdadi kumandang senggahen ing jagat raya, apan sasolah bawaniya ambekniya nirukti lawan ujarniyeng buwana, kapwa yangde cemer letuh, saksat pinaka geleh-geleh ing bumi kelik ing rat, sakwehni mangde papan ing ati umulat.

Sakweh nikang wang mangkana kramaniya, ya tika wastun ing sudosa ngaraniya, makawak hyasan ikang tambragomuka, ri deniyan ibek mala.

Mangkana tuwi pangjanman ing wang sadanasar sangkeng susila, pramadeng ayu tan arep hita budhi.

Sadamerih kapetan ing suka pangan saka kinum, lawan wibawakang sinandang niya kabeh, kapwa molih sakeng dursila dusta budhi.

Ikang ulah mangkana, tuwin senggahan agawaya mangang pwa ya lawangan ing kawah, anginebakeni dwaran ikang swarga lewih.

[15] Ikang rwa-bhineda mangandel i mulan ing sangkan paran, ya pasuk wetu, ya atemah urip pati lawan tangi turu, yang dadi suka duhka lara waras, lupa tutur, syang latri, bumi langit, bapa ibu.

Tan uningen ta pwa sedeng nirangandel ing surya candra mwang lintang taranggana.

Pinaka suraksaneng kata sakweh nikang sarwa wawaran kabeh, makadi tang wuku tigang puluh, ika rakwa kabehniya pini sanakena den ira Hyang Guru Mahangreka, inastwaken ira ta ya mangdadya manusa tunggal, dadi ya mareka rupa wang, apan wus kapwa manunggal ing manusa sakti, ya angandel ing wong.

Ya tika matangniyan si dadi wang ngaraniya, yuktiniyan kabeh, tan wenang kapwa ya alupeng sasana lawan mulan ing agaman ika kabeh sapaniskara, pasung nira Hyang Bregu nguni duk ing asitkala sedeng ing nora ana carita, sira murwa mulan ing bumi langit mangdadi agaman ing wong, sakweh nikang wang masewaneng Hyang Suryagni, pawekas nira nguni rakwa karenga, ndatan wenang tapwekang wang alupeng mantra puja lawan tutur samhita, saha dyana nirmala maka sahasayang yoga lawan samadhi, sadaniya nirukting sarwangga kabeh tuwin wus kapwa asariraksara ngaran ing wedha-paraga, apan mula stutin ireng tungtung bungkahing sembah sira hyang suryagni.

Hyang agni tuwi ngaran ing bungkahing sembah, hyang surya tungtunging sembah, ikang sarira makesin ing sembah ring madya manunggal ing sarwaksara gumelar pada ya takrama den ira, maren tan alupeng sang amurwa wisesa, sang inanggeh guru tiga nguni purwa carita.

Mankaolahning wang rehniyan weruh yan pusaji-saji,tuwiniyan weruh i panunggali rasen ing aji, maka uti tang sarira angga, ya kaharan ambantenakna sariraksara, apan weruh ri rehni glar nikang sarwaksara, wenang pinakesin ing uti Bhatara Sang Kasuhun Dewa Guru, pinaka ajuman tang sarwa aksara, madulang-dulangan tang ekaksara, panggurun tang windu-tatwa, iwak-iwaki sawojar nira, jajane yukti si idepan, pisang kembang sang rwa karana ana nora, pisang jati pisang asih, tuwi kang rwangeka tunggal asih kumasih, pujane weruh i panunggal ing tigajnyana, wenang sembahana yuktinikan katutana.

Mangkana ulahning sang maha pandhita, weruh i rehning ajuman pinaka utin irang gumelar keramaniyan ekaksara.

Ndan ikang suhitya utin ikang wang ananguna sarwa yajna-karya, aywa tan padana, apan ikang yajna karya tan anang daksina, mati ngaran ing yajna mangkana, deniyan sakwehni yajna karya winangun maka sadanang saji-saji, tan pasasari, saksat pwa ya sekul ulam akweh sarwa rateng samapteng pinangan sarwa surasa teken inum-inumniya genep, tan anang wanang weteng yan amangan anginuma ya, matangniyan tan papakena pwa yeka yajna-karya mangkana kramaniya, tulya wang asusungguh ing sarwa ya tan pacangkem tan paweteng.

Matangniyan si dadi wang ngaraniya, ri kalan iran ahyun ananguna yajna-karya maka sadanang saji-saji, aywa juga angulaha si tan padaksina, ngareniyan si aywambanteni kang tan paweteng, tan patutuk, apan tan ana amangan ikang pasaji, yadin kanista madyotamaniya, agung alita pituwi, amoga ya kapwa nispala tan papakena, kewalyametwakena ewuh ing cita yan manon i papan

[16] ing pasaji wrek anglalahi mandala, apan tan anang panarimaha tang saji akweh ngaraniya, ya tika tuwi nistan ing pasaji ngaraniya.

Apa kuanang etuniya mangkana, ri deni sedeng nikan gumelar tang sarwa bebanten kabeh, sadulur lawan pangateraniyan sapuja mantra, catur wedhastawa gumelar kramaniya saha stuti bhatara, anyipteng Hyang Tryanta-Karana, dewa pratista, taher pinalakwana sucya nirmala nikang saji-saji sakweh nikang binukti, amoga asih ta pwa sirang hyang katiga masunga sapinitan, neher siran umastungkara sakweh nikang sarwa pinangan, sinungan amreta mangde surasa nikang saka pangan saka kinum ing wang, maka urip ing sarira maka uriping buwana, makamretan ing catursanak, amretan ing catur buwana, mangilangakna sarwa wigna mar lupa lesu baya wyadi mwang ayu hita dirgayusa palaniya tan kataman ing upradawan ing hyang.

Mangkana palaniyeng sang pandhita wus paripakwe surasan ing amretan ikang sarwa pinangan, apan sangke sreda Sang Hyang yan masunga amreta i kana.

Kunang ya tan panganen, byakta yangde ilang tang kasaktin, muksa tang kawisesan, mur ikang kasidiyan, ksaya tang sriya manuta ilang tang kawiratin, apan ikang ayu lawan hitawasana ngaran ing tan kari, wenang senggahen ta yageng mitya budhi ya anglinyok dewa, amoga ya ta nirlaba kelangan kasubagan, apan kahupadrawan ing hyang ngaraniya, katemah de Bhatara kasuhun tiga sanak, ping tiga angjanma sasar manemu papa, tiniban ing dewa-danda ngaraniya.

Apan kapataken tekap ing Hyang Guru katiga, etun ing anemu naraka ring loka, kapwa asengit kabuteng lawan i rowangniya tan patut asanak mwang akadang mitra sakula gotra, silih cidra pada jenek ing raga-dwesa, kapasukan ing kali kalu kala, kali amogatukar, kalu tuwi yageng jugul apunggung, kala tan wurung atemah pati, ya tika angadyaken ing perang adbuta ring jagat raya, ya di dalem riheng ring sarira dawak.

Mangkana palan ing wang yan anindeng sapaniskaran ing binukti, wus kapwa ya pinuja pinalakwan amreteng Bhatara, ya tan panganen mangde wredin wisaya asulung-sulung amuk kita.

Kunang deyani sang maha pandita ngaraniya, weruh i kaladesan ing nggwan ikang wang asaji-saji, aywa juga siralakwa banten, nguniweh amalaku amreta surasan ing pasaji, ri nggwan ika nangde geng sangsayan ing ati,

Ri telas ing pinuja, ya tan mahyun ta kapwa sang angastawa lawan sang manuti ulah nira nembah ing hyang, ambuktyakeni sakweh nikang rupa warnan ika pinaka saji-saji.

Leheng ta aywa ta sang weruh yan mahun angastawani kang mangkana kramaniya, apan mangde ksayan ing ayun ikang sariangga, ya tan pakasandang pangan, apan ulah nirang Hyang Dewa Guru ngaraniya, yan pinalakwan amreta sanjiwani, tuwi siran masunga.

Yan wus ta pwa sinungan den ira, neher ta ya binuwang ta pasung nira, ya ta etun iranibakena sapa rikang wang mangkana kramaniya, amoga sasolah bawaniya ambekniya mwang songgwani lakuniya, yadyan yan maha-wibawa tuwi, sugih masmani rajapeni, jah tasmatnu tan temung sukasada kakuranga juga ta ya ambekmu, ya tan nemuha tutur tapwa baktiyeng aku kang amurwa janmanta nguni, taher i manut i sudharmangku mene wekasniya.

Mangkana ling bhatara anibaken dosaneng janma-pada kataken ing mangke,

[17] sangke nguni ring asitkala-carita.

Mangkana juga kramaniya, matangniyan tuwin tan ana ikang wang tumemung suka kataken ing mangke, nguniweh tan kabyudayan, ngaran ing samapteng ayu, yadyan sugih masmani rajapeni tuwi, pinupul ing wadwa akweh, ya tan tuhu pwa ya makambek kang guru-susrusa ri aku, ngaran ing si duga-duga bener sembahniyeng angeni atingku, ngaran ing si manut i sudharmangku aneng jagadita, byakta ko kabeh manusa tan temung sukapala, ngaraniya si tan samapteng dadi, matangniyan mangke ku iki mangadakena ubayahita i rikang wang aneng jagatraya, ndah syapa pwa yan wenang manut ing sudharmangku i riking rat, niyata pwa ya aku yar pasunga kasobagyan kadibyan ikang dadi, ngaran ika si suka byudaya samapta tan pabalik duhka tulyaku iki.

Kunang ri tekan ing prayaniya dlaha, astu ya muliheng amara anuggaleng sariranku iki.

Mangkana pwa ubayahitan irang bhatara ri kana, karengwa rakwan dengku, etuniyan ana sinangguh manusa sakti katekan ing mangke, tuwi asing makambekang yuktya anut i sudharma Sang Hyang, kapwa ya kinasihan ira, sreda yan masung sapininta, ndah tuwi tan asing wang ta pwa yan wenang manut i sudharma Sang Hyang, Sang Yogiswara juga maka sang hyang brahmacari ngaran ing Sang Catur Asrama, sadulur lawan Sang Prabhu wibuh ngaraniya, sang makangga wibuh suka, apan ikang suka kewalyatah binuktin ira, apan tan pabalik anemu duhka, songgwani lakun ira pituwi, sada suka kapwa yan manut i sira.

Sang mangkana kraman ira, ya tika pwa ya ngaranika wus wenang manut i sudharman ing Hyang Dewa Guru ngaranira, tuwin Bhatara Tiga Sanak kapwa ya takrama den iran manut, matangniyan tuwin wenang siran makangga manusa sakti katiga pisan, sangke sreda sang hyang yan masunga anugraha lewih sakeng samaniya janma manusa, winehan ta sirambukti sarin-sarin ing rasan ikang mulan ing dadi sakeng mangke duk ahurip tyageng buwana lurah, ngaran i sakala nemu rasa niskala, weruh i mulan ing mula, manon ing sangkan paran, ya juga sanggahen weruh ri mulan ing dadyaka, ya mulan ing sinanggah suka byudaya, ya mulan ing manusa saktine, ya ngaran ing amor ing Hyang Suksma Dewa-guru, apan idep nira sasolah bawan ira lawan ambek anunggal ing hyun i sudharman ing hyang guru katiga pisan, ya ngaran ing lewih ing dadi, apan wus anemu wekas ing dadi, ya sinanggah wekas ing pati, ling Sang Bhiksuka marga.

Ika ta pwa sira kabeh wenang senggahan maka sarirangga wiku catur asrama.

Yan lena sangke ika kraman ira, teher pangaku pwa ya asaria wiku catur asrama, ikang wang mangkana, tulya maling kawangan ta pwa ngaraniya, apan dudu wiku angaku wiku,deniyageng moha muda punggungniya, etukaniya tatan mahyun ikan masor kala asabda.

Mangkana tuwi panengeranteng rikang kasnista dama ina sastra, katuhwan pwa ya jugul etuniya geng punggungniya.

Ikang wang mangkana kramaniya, pangawak ing Dorakala ngaraniya, apan kepasukan ing kali citanika, etuniyan kalu yanggawe geleh-geleh ing sabumi mandala, tan wenang yan makagran ing sarwa yajna-karya mwang angastwani kang sarwa saji lamaken ing wang aminta amreta sanjiwani rikang Hyang Tri Antakarana, apan pinakolahniya ambekniya kahinan tayeng idepniyan

[18] batyang Hyang Dewa Guru Sang Sinuhun kalih.

Yapwan ikakon angastawaneng pasaji mwang agran ing sarwa yajna-karya, byakta ta pwa yangde tan sredan ing hyang yan masunga sapininta, amoga ya binalikaken purih nika de bhatara, pinupulan ing prihati lawan manastapa, inandehan ing geng kroda loba tresna, ageng tinemuniya duhka inandelan ing lara sada ewuh.

Apan ikang cita mangkana kramaniya, kaharan pwa ya amungkurakan hyang manunggal ing dwakara, yangde ksayan ing ayu, wredi ta ya wisan ikang malendriya.

Ri wredin ikang sawendriya, tan ana budhi yukti, atemah kawah tang buana, lahru irikang jagat raya, udan salah tibani kalawan duluraniya, kapwa ya malih-malih tingkah nikang tri-buwana, tan manut ing kala-desa mula-mulaniya nguni purwa, byakten kurang wetun ikang sarwa wija, mangde woreg tang buwana apan lapa kurang pangan, mosek asekel ta ya tan ana sandangniya, kapwa ya kapti-pati, apan tan weruh ing deyanganaka, sasolah bawaniya tan prasida ayu, palan iking wang makagra dursila budhi pramadeng kasadun, etuniya nasar sakeng sudarman ing hyang.

Kunang yen iyomurub tikeng agni ring nabi, malilang tejan ira hening anerus ing siwadwara, amadangi teka ring hyomasiwa, sangke teleng ing utek, ya tika sinangguh guru jati ring sarira, ya gustin ira, ya ratun ing Tri Buwana, yadi rikang janma manusa, tuwin sira sinanggah wenang masarira niskala.

Murtin ira tuwyalupeng wahya-wibawa, yan mangkana, ya ngaran ing molih ing molih, apan anemu mulen ikang sinanggah suka byudaya,ikang suka mene teka ri wekasniya dlaha teka ring pralaya tuwi tan pabalik duhka, apan tinut juga pwa den ing amben ing subasuba-karma nguni manusa loka.

Sangksepaniya tuwin ikang amadangi buwana mwang sarira, ya dyani ngaraniya ika, yan kaharan dewa paraga, guru-lingga wedha-paraga, apan maka sarira sari-sarin ing rasa Sang Hyang Aji, papulan ing utama rasa, mapakena suraksan ikang sarwangga, langgeng ing jagadhita.

Matangniyan tuwi si dadi wang ngaraniya, aywa juga si tan pangajya, aywa pramadeng sojar ing aji, aywa geng ireng atanye sang sinanggah wus inenahaken ing guru-lingga, perih pwa yatinta si duga-duga bener lot atakwan, aminta winarah sangken ing sigra anemu mulan ing rasa sari ing aksaraji, aywasanggapan ujar lawan guru, yan sira amarahana, ayogya-yogya tuwi, aywa pramada, yan sira pramada moha mudapunggung asanggapan ujar lawan gurunta, byakta kita sinapa de sang sinuhun kalih Dewa-guru, apan sang wus mekangga guru lawan ira, tuwin tan kelangan idep rahayu lawan tutur prakasa, apan rinakseng Hyang Siwa Guru tunggal pratisteng siwadwaran ira sari-sari, ya tika dumeh nirang guru jati mawak jati, apan tuhu sasojar nira manut ing aji, ya kaharan wak bajra, tuwin sidyajnyana sira, ngaren ing byakta weruh nireng angen tan adwa, dibya caksu ngaran ing waspada ring ulata.

Ika ta kabeh ta pwa sangke sredan ing Sang Hyang.

Ling nirang Bhatara yan anibakena sapa, kumwa, jah tasmat kong kalana tuca dusta budhi kuhaka, mangdadya ta ke wang jugul apunggung inadina kanista daridra anemu papa, kapasuk ing dorakala kali sengara aneng atimu, tawah yan pangananmu, kawah maka sariramu.

[19] Mangkana ling Bhatara Hyang Guru yan anapani wang langganeng sojar ing guru, apan guru ngaran ing wus anunggal ing siwa-dwaraneng pada Bhatara Sang Sinuhun Dewa-guru.

Yan tan mangkana nora guru ngaraniya, apan turung guru-lingga, apan turung polih weruh sakeng Hyang Dewa-guru, ri deniyan turung olih tapa, ri den ing guru, ya tika etuniyan angdadi guru angawag, apan tan weruh ing kajatin, ngaran ing rah Bhatara lawan hyun ing Hyang Dewa-guru.

Etuniya ujarniya akweh nora tuhu, sada mityanglinyok ngaran ing adwa ujar, amongangde papan ikang sabda ngaran ika, tuwin sasojar kapwa nispala tan papekena, tan ana gamantaniya nikang wang rumesep angrungu rasan ing sojar nira, yan awaraha pitutur ing sarira dawak, turung weruh ri den ing amarahaken ing sarira, tan weruh masung tutur ring sarwangga, apan tan pasahayang brata yoga tapa, matangniyan tapwa ana Dewa para maka saksin ing sasolah bawani rehning guru lingga, etun ing ujar nira tan pamreta, kapwa tan pahangen eling ing ati, apan turung olih amor ing Hyang Dewa guru ngaraniya.

Yadyaniya prajna sarwaksara lawan sarwa tatwa turu kunang, makadi anguncarana tan sarwa wedha mantra, yan tan weruh mulen ing sari nirasan ika kabeh swang-swang, amoga ya tan papekena, apan tan weruh ri prayogan ing reh ikang tuhu karya rasan ikang sojar ing aji yan panuduhaken ing ayogya-yogyan ing reh lawan salahkena, ikang sang yogya tuten mangke lawan i wekasan.

Mankana palaniya ing prajnyeng aji sarwaksara tan pinatapaken ing hyang sinuhun.

Kunang ikang pinaka lamakanteng pasewakan lawaneng patapanta kunang, ikang lewih yan i panguryaganteng gurwikang utama, janyana ayu lawan siladi-krama, sadulur ing cipta jati, idep jati, manah jati, manut ing sarira jati, lawan urip tikang maha suci, pangaryaganteng hyang manunggaleng guru ikang lewih.

Kunang lamakanteng madya maka panguryaga, mas mani komala winten mirah adi lawan artha pirak sandang anggo.

Ikang kanista pinaka lamakanteng pasewaka mwang panguryaganteng hyang lawan gurunta, sakweh ing sad rasa sarwa surasa sabinukti.

Mangkana rehni dharmani sang sewaka mangdadyanak yadi sisya, kapwa tan penasreng siladi krama mula, manut i darma sasanan ing siyanak lawan guru, tan mangedohi hyun ing dharma ing hyang lawan gurunta kunang.

Mangka ta swabawan ikang sisyanak jati lawan guru mawak jati.

Yan ikang anak lawan sisya tuhu kapwa deniyasewaka guru-susrusa, yuktinireng guru ngaraniya, masung wara nugraha sapinintan ing anak, saka weruh nireng sarwaksara katekan ing sari-sarin ing rasan ika kabeh, mulaniya mwang i wekasniya etuniyangdadi, ya ika tatwan ing mulan ing urip nira lawan i wekas ing patin ira pintanen, tuwin wineh nireng kang sisyanaka.

Mangkana rehning guru yan pakasiayanak-anak, iriking rat tuwi yangde ayu makapalang hitawasana, ngaran i si tan wikara aneng bumi mandala.

Kunang swabawan ing guru ngaran ira, aywanibaken ikang lulut oneng makadi kang smara cipteng rikang setri larangan ing sisyanak, mwang setri larangan ing asing wang ring jagat kabeh.

Aywapamerih pasunggung etuniran amuruk angaji, tan perihan tang suka

[20] puji, etuniran pangucarana sarasan ing sarwaksara, tapwan sakeng anoning wibawa lawan sriya, etunira agelema apitutur ing buwana, makadi tan sangkeng anang hyun lawan lulut oneng etun ing aswi ya amarahana salahkena ri den ing dadi, lawan tan sangkeng angen ira angalen ing sugih tang wang, tuwin kewalya kasaktin kaprayajnyan kawisesan atah inalem nira, etun iran maswi yamarih apitutur amarahana amuruk angaji, sakwehning maka donsukan ikang rat lawan sarira.

Mangkana juga ta pwa cipten ing guru ngaran ira sukan ing rat juga sada perihen kininkin ira tan kalen, tuwin sangkeng asih niran murat i rikang muda apunggung kanista daridra ina-sastra tan weruh ing daya, tan yangena kolahaniya aneng buwana sarira, etun iran amerih utsaha maswi yapitutur ing kopadeyan ing dadi, yan mahyun ing tamung inak lawan sukan ing dadi,

Sang mangkana kramaniyolah ing ambek nira, tuwin manggeh sira wenang senggahan guru lingga ngaran ireng rat kabeh.

Kunang yang wus matut ulah ing sisyanak lawan hyun ing guru, kapwamor anunggal asih kumasih tulyang anak lawan bapa, kapwanut i salingning purwadi sasana anunggaleng prayogan ing dharman ira siji sowing, tan anasar sakeng sasana niruktyeng sarirangga, kapwa langgeng amawa sila yukti, ngaran ing bakti ring dewa.

Yan mangkanolah nireng kalih, pala kinasihan ing Hyang Paramasuksma Wisesa, sirang guru wineh pala sakeng sekala wahya, mene manemu niskala, ngaran ing si weruh ing sekala niskala sakeng mangke duk ahurip, ya tuwi ngaran ing ka pada-moksacintyan ing buwana.

Ikang sisyanak wineh de Bhatara, ikang suka byudaya tan pabalik duhka, ngaran ing si suka sakeng mangke teka ya ri wekas, tuwin kapwa sira kalih, sinung pala de bhatara lewih sakeng mulan ing kadadin, tuwin aparamiteng kotaman i pasung nira, kapwa kasidan ing den irang kalih, kasobagyan lawan laba mageng kapangguha mene wekasniyeng sekala jagat.

Ya tika matangniyan si dadi wang ngaraniya, perihen ta pwang kapandhitan ngaran ika, ngaran ing si weruh waspada ring pada Bhatara ring buwana ganal alit, apan yan tan weruh siran manon ing Hyang ring sarira dawak.

Ikang wang mangkana kramaniya, tuwi ya tan weruh ya umulat ing hyang ring jagat raya, amoga kapwa ya nispala, sakwehning tapa bratan ika, yadin puja mantra lawan wedha stutya kocaranan ika, yan paka don pala kapwa ya tan molih, ri deniyan kocaranan juga ana.

Tan weruh ri rasan ing wenang kastutyan ikang sembah.

Sangksepaniya, lwir wang masyang ring buwana, tan weruh ta ya ri rupa warnan ikang siniyangniya, tatapi ri deniyan sada sering ta pwa ya asyang-syang apan uwus weruh ta ya ring aran ika sang siniyangniya, tan weruh ri solah bawan ira lawan warnani rupan ira siji swang.

Yan mangkana, yadyan ika ana asih nireng sang masyang i sira sari-sari, datang kapwa sira sakedep netra ri arep nira sang amerih masyang i sira, amoga ya tan kinaweruhan i tekan ira de sang masyang.

Apan weruh ing aran juga ana kocaran aji, etun ing tan weruh ya aminta mulan ing ciptaniyan pasyang i sira.

Matangniyan muksa ta sira muwah namu-namu sakedap netra wus ilang, ri denian tan sembahan i tekan ira, tan pininta kasih ira, apan tan kinawe-

[21] ruhan masolah bawan ira dateng lawan mulih nira.

Mangkanopaman ing swaban ing wang ina-sastra amaca alagu-lagu angurana saka weruhan sakengataniya, amanjung acarita tan weruh irasan ing caritaniya, sastra winacaha tan weruh i rasan ing aksaragama mwang pakenan ika ngkang awak, alagu-lagu tan weruh i mulan ing guru ikang wenang sembah katutana, anan tinembang tan tan weruh i kembang ing buwana mwang i sekar ing buwana kembang ing sariraksara, anan saloka tan weruh i mulan ing asta-bumi, panunggal ing buwana sarira, ana sruti kocarana ya tan weruh ri panunggal i mulan ing tungtung bungkahing ati, anan pariring tan weruh angadwa pade rikang aji, anan guru tiga tan weruh anut prayogan ing tri buwana mwang Hyang Guru katiga, anan pemada tan weruh amadaken ikang sarwa esin ing bumi, anan windu mulaniya tuwi tan weruh i mulan ing trisuniya, anan carik tan weruh tayeng wekaniya muksa, anan palawakya tan weruh i pakena palan ing wuwus umetu, anan satran winaca tan weruh i panunggal ing hyun i ambek ikang sarwasin ing jagat kabeh, anan sendi tan weruh i patap ika, anan kuta-mantra tan weruh i swabawan ing tiga ring janyana, anan puja tan weruh angajum pawetun ing tiga, anan wedha tan weruh arimbawa, anan wus ada tan kinaweruhan ta ya aneng buwana, anan wariga tan kaweruhan ta ya Hyang Tigajnyana tuwi ya maka pajutan ing jagadhita, anan agama tan weruh ikang matultayus ametwaken ayu.

Mangkana palan ikang sarwaksara aji, tatwa turut sarwa sundari wariga wus ana wedha mantra stuti, yan tan pinatapakena malamakan kasusilan, maka pagwan rang kadiran, maka sang hyang kasubratan, byakta ya tan tyaksa pangaweruhni rasan ikang sojar ing aji panuduhi kitang dadi.

Apan katapakena, amoga ya tan olih sabda bhatara, ri den ing aprayoga yan gumelar irikang wedha mantra stuti rikang tri buwana.

Ya tika matangniyan tan waspada rakwa pangaweruh ikang wang ri rasan ing aji kabeh yan panuduh, ri rasan kanista madyotamaniya lawan salah kenane rikang jagat raya.

Ikang ulah mangkana kramaniya, ya kaharan samar ing idep norana jati, apan weruh-weruhan wisyaniya weruh angawag etun ing patitaha, apan turung olih kasidan, apan turung olih warah.

Ya ta matangniyan sakweh nikang pangaweruh nireng aji kabeh kapwa ya nispala, kewala kocaranan juga ana yan karenga i riking loka.

Sangksepaniya tuwi, kadyanggan ing wang maka deruweyang kasih lawan apahan ring pariwukan ing abtiga kunang, rinahasye kopaman ika kabeh, tuwin kapwaniyan tan padon, apan tuwi pwa ya rupaniyan ana tan papekena, kewlyana gawe salisuh ing ambek twas mangel, ri deniyan ana juga gawe tan olih pala, yadyan ing sekala niskala tuwi perihta byakta ya nora ana.

Ikang mangkana kramamaniya, ya ametwakena geng sangsaya, sakeng sangsaya metu taha, sakeng taha metu ana nora,ya atemah mladi teka angliput, ya mulan ing metu kawah ing bumi mwang sarira.

Palan ing tan weruh ri rasan ing yoga kadyanan ika sari-sari, lawan rasan ing puja mantra, japa lawan janyana sandi, makadi tang samadi, sawak ing yajnya Sang Resiwara mwang sasaajin ing sang mataki-taki dharma

[22] bratan ira, yan tan kaweruhana prayogi rehni mulan ing pasuk wetuniya ikang byakta siji swang, amoga ya kapwa nis padon, apan tan weruh ri tungtung bungkah ing sembah ngaraniya.

Mangde krodha galak tang bhuta patpat sanak, ika ngaran Dremba-moha, Kala-wisaya, Kala-katungkul, Kala-ngadang.

Si Dremba-moha ngaran ika, ingsa-karma swabawaniya ring pajagalan, yatika anuntun ikang janma manusa yan jenek anginum sadawera kasukan ing atiniya ing sekala jagat, tan atutur ring temah dosa geng kapangguha.

Ikang Kala-katungkul ngaraniya, gawen ika sada nuntun mareng peken sageng jenak atutukwa anreng sahisin ing pasaran, mameta sarwa boga upaboga sandang anggo, sing anukeng rikeng ati ya welayanamtami sarwendriya.

Ikang Kala-wisaya ngaraniya, gaweniyasyang sadakal ya anuntun mareng pajudyan, jenek ing atoh-tohan alah menang angadu sawung kasukaniya, tan enget i palaniya wekasan anemu duhka sadakala agawe ewuh kapenetan moseking kala ri sekala jagat, ya wastun ing guna dosa ngaraniya.

Ikang Kala-ngadang ngaraniya, gaweniya anuntun alaku-laku mider ing marga agung, jenek anonton angrungu lagulagu gending ronji, makadi sakwehning tabeh-tabehan umung gumuruh, anantani indriyan ing suku karna panon swabawaniya, yangde malupeng sarira, mwang salahaken ing dadi, juga yangde dosa mageng, ngaran ing mosah asekel kahanan prihati manastapa anangisi ikang karenga mwang tinoniya, ya ametwaken welas-arep lawan asih ikang wang tresneng wisaya tan weruh ing deya pwa ya malahakenaniya pada geng ta ya muda panggungniya etun ing muda idepan.

Mangkana swabawan ing wang pramadeng rasan ing aji, ikang sayogya pituhun tapwan tutakena.

Ika ta kabeh, tuwi ya kapat macatura deniya anuntun yan pareng dosagrahi, ri deniyan kapwa swang-swang kasukaniyeng catur-buwana pada hyun katutana den ikang wang, tan ana gamantaniyan hyun matut alyus asanak, sada-wyadi wigraha apasah karepan ika ngkeng sarira dawak, apan ulahniyan kapat pada ya amerih katutana.

Ikang Dremba-moha masunyandudut mareng pascima desa.

Si Kala-wisaya andudut mareng purwa desa.

Si Kala-katungkul, andudut mareng daksina desa.

Si Kala-ngadang, mandudut mareng utara-desa.

Mangkana deniyan ahyuna swang-swang, pasah ya anyatur-desa, ya tika matangniyan si dadi wang ngaraniya, yan tan weruh ri prayogani hyun ikang pat-pat sanak, mwang kasukan ika siji swang, manut ing kala desan ing ulahniya, ngaran ikang weruh anut tan katutane wolahniya swang-swang, tuwin si widagda angadeg ing tengah niyeng kapatniyeng kapatniye riking buwana mwang sarira, langgeng tunggeng tan angidul, tan angalor, tan angetan, tan angulwan, tan amingsor tan amingluhur, stirangadeg tan kena binancana tan kena ginugah-gagah.

Mangkana reh nikang wang yan pagaweyamateh anut ikang sanak patpat, yan mahyun ing hitawasana mwang ayun ing buwana sarira, pala nir wignan ing awak.

Yan tan mangkana rehni deyanta, byakta kapwa ya kapatniya atukar lawan rowangniya ri jeron ing buwana sarira, tulya aperang sadaputeren ring atin ikang mada moha ina-sastra.

Sangksepaniya ling ing jugal lewih punggung, ri kapana pwa ya dewa kala wenang matutalyus, apan tan weruh asemadi, ngarani si tan weruh amateh

[23] anutanunggala asanak ring rat buwana, tuwin pada sukane wekasning samadi sekala wahyadi-krama.

Ling sang Bhiksuka marga, wenang pwa ya sembah suhun katutana de sang mataki-taki dharmaniyeng kadadin ikang lewih ngaran ika, etun ing deya sang weruh, ikang ala ayu kinukun ing bayu langgeng, ikang alanggeng kinuhun ing ciptan ing idep, ikang idep kinukunakeneng lyang, lyang sinimpenaken ing hneng-hning, hneng-hning sinimpenaken ing acintya nir buwana.

Ikang ulah mangkana kramaniya, yan katutana de sang mataki-taki brata, byakta ya anemu laba mageng, sekala niskala tuwi, kapwa ya tan nispala. Suka-byudaya lawan ka pada-moksa, pada metu sakeng panunggal ikang sangkan paran, ngaran ing byaktan ikang pangaweruh si tan parakwa.

Ikang ulah mangkana kraman ika, ne stiti ri telas ing brataniyeng jagatdita, yan teka pralayaniya dlaha, swarga lewih padantukaniya wekasan, molih amor ing Hyang Suksma Suniya-nirmala ngaran irang wekasin patin ira Sang Maha-pandhita telas ing reh, ngaran i si tan raket ing sarwa ya niswulaha.

Kunang yan ikang mahyun agurupadesa angajya kunang, maerih atanya mamet I rasan ing aji sarwaksara, waswasen ta yolati sasolah bawaniyambek ing sang wenang inanggeh guru, tuhu tan tuhu deniyaamuruk angaji, swabawan ika marahana pitutur.

Yan si duga-duga yabener den irawarah-warah, manut i sudarma Sang Hyang, yapwan mangkana, ya tika tuwi kaharan guru-lingga, byakta siran molih saksi sasojar nireng bhatara, Sang Sinuhun Dewa-guru.

Samangkana kraman ira tulya sagara giri tapwa kaprajnyanan ira robing ayun ing kasteswaryan irang sad ganotama, aywa juga sira surud i sapakon ing guru, aywa mityeng guru, aywa nindeng guru, aywa singsal i hyun ing guru, aywa salah-asa anibakena kroda ri sang guru, aywa delen i rahin ing guru, aywa pramade sojar nira, aywagya linangganan, aywa sawur asanggaman tan manut iyojar nira, aywani bakena lulut oneng irarangan ing guru, apan inanggah sanak denta, tuwi guru-putra ngaran ira waneh.

Yan tan sangke nugrahan iran pasunga aywa.

Aywa lulut oneng i sanak ing guru, yadyan ing ari kakan ira tuwi. Ikang rahi inanggah guru-rahi, ikang kaka inanggah guru-kaka, yan tan sangke anugrahan iran pasunga, aywa pramadeng hyun ira.

Aywahyun amisesa druwen ing guru, aywa sinisanta sakweh ing sarwa surasa ikang sayoga bukti den ing guru, aywa sapalungguhan lawan rarangan ing guru, makadi ri anak wang sanak kunang ri sawakan ing guru ngaraniya, aywa anuduhakena ri sira ameta sarwa karya-karta i riking buwana, aywa mojar ujar tan inak rinengan ing guru, aywa makolah tan inak tinon ing guru.

Ika ta kabeh yan linangganam kapwa dentanaku laki Sang Aji Saji, ya ngaran ing anak tan anut ing siladi-krama ngaraniya, tuceng anak tan weruh ing twang ngaraniyan guragada.

Yan mangkana, byakta ta pwa kitang anak wistiyanemu dosa mageng, dinandang Hyang Sang Sinuhun kalih sang maka linggan ing gurunta nguni purwa carita, tulya dosan ing wang brahmatya kahupradawan ing hyang.

[24] Mangkana alan ikang dadi anak yan dahat pramadeng guru, tulya gedeh yan tibaken ing sila, remek apasah tan pasesa mapasyu, ri deniyan tapwen temung rasangenaka.

Apan ineb kapwa sakweh nikang dwara awan ing mareng swarga-mulya mwang lawang ing ka pada moksa kunang ngkang sarira, makadi ya pwa dwaran ikang kaprajnyanan, kawidagdan, kasteswaryan lawan unggwan lawan ikang sad-guna, kapwaniyan inineb den ira Hyang Guru Mahangreka, nguni purwa-janmanta, wengaken ira sakwehning lawang ikang kawah kabeh, sakweh ikang marga parang Yamani-loka, ngaraniya tekeng awak, amoga tan padrawa ikang umah ing sarwa ala mwang ikang jugul punggung sawak ing ametwaken durlaban ing rat, sada ewuh ing buwana sarira, apan sada kewalya kapwa ya tulya tutuk umangang, sada ya angantya tekan ikang sarwa wisaya.

Ikang sakweh ing bancana kagawaya den ing malendriya.

Ika ta kabeh sawak ing kawah ndut balagada, apan menen ginawe, manen katemu, tuwi ananta urip mwah ngkeng sakala jagat, sedeng i jenenganta tulya ratu pinunggul ing bala sarwa wisa ya akweh.

Mankanopaman ing jugul punggung kapasuk ing candaleng ati, tininggal ing Hyang Saraswati, apan guru sapa ngaraniya, tuwin huwus katibanin soda Bhatara, ri deniyan sadanasar sakeng sudarma Sang Hyang ngaraniya, si tan manut ing hyun ing Hyang Dewa-guru.

Ikang mangkana kramaniya ulahniyanbekniya, tuwi ya sawak ing dosa grahi, apan pwa yetuniyan mangkana, ri den ikan kapwa ya lawang syukwehniya, rinakseng Resi Sahasrawalikilya, kinon de Hyang Guru-wisesa Suksma aneng sarira.

Matangniyan ikang anak ngaraniya, yan katiban ing wikalpa sapisan inineb tapwa lawang ikang swarga sasiki, menga dwaran ikang kawah syu,

Yan ika kaping ka sapuluh pwa ya agawe dosa, manga tapwa lawangan ing kawah selaksa, inineb ta pwa dwaran ikang swarga sapuluh iyu.

Yaniya ping ka satusniya pwa ya agawe dosa kang anak, saketi pwa ya menga dwaran ikang blegada, satus iyu pwa ya inineb dwaran ing swarga.

Kunang yan kaping saharsa ya sada gawe dosa agawe wikalpan ing hyun ing ulah ciptan irang inanggah guru, tuwin saharsa yuta kapwa menga dwaran ikang kawah Yamani-loka den irang resi walikilya sahasra sanak, inineb nira kapwa lawang ing swarga siyu.

Ri samangkana moga mangang ta pwa sakwehning dwaran ikang inanggeh marga sanga ngkeng sarira, sari-sari mangkaniya tuwi kapwa teka ta sakweh nikang wisan ing adimala sumahab kaya semut saduluran, sulung-sulung tekaniya lawan laru-laru, tan angel ta pwa yan pasyang erya, ambeni kukus nikang agniyang sarira kawah kangken padimareng i riya.

Mangkanopaman ing sarira i bek mala, pinupul ing sarwa wisa, katalyan ing jihwa pasta, binalenggu den ing setri lawan pirak, dinendel ing kroda mageng, kinuncang ing geng loba, inanden ing tresna mageng, dinunduk ing duhka manastapan lawan manah jyoti priyatin, binuncang ing-raga dwesa, pinuter ing wyakulajnyana, sinawut ing sarwa baya wiguna wyadi wigraha, ingideran ing prapanca-budhi, katun kahabalang pwa ya kabwang den ing pati, tulya awera ta yangimul-imul polah i swabawan ing wang anemu dosa mageng, malupeng sarirayu, menget i wisayageng.

[25] ika ta kabeh sawak ing pangewesan ikang rajah tamah, saksat ratu pwa wisesan ing rajah, maka patih, saktin ing tamah, maka bujangganiya lewih si peteng pitu, pinaka bumin irang mala desa, maka wadwan ira sakweh ing sarwa indriya.

Tuwiniyeka kapwa sawak ing duhka bara.

Sangksepaniya anak yuktiniya i kaywa weh umandel ing ati sakweh nikeng alah senggahning guru-talpaka, maran ana sredan ing hyang, yan pasunga tutur tan alupeng pawekas ing guru, tuwinsasolah bawan iranuduhaken ika den iranaku tan linangganam, tuwin sembahen juga gurunta sapatuduhan, yadyan ing maha-durgama tuwi, yapwan katon palaniyang sulaba ageng katemu ri wekas.

Aywa sira makambekan kasangsayan, aywa wedi, aywa gingsireng pati urip, klanakena solah bawanta tuwi, perih ta pwa samargan ika inak angen-angen ing guru, maran agelis ta kita molih palan ing pasewekan, ngaran ing rasa mulan ikang sinaggah sarin-sarin ing sarwa tatwa tutur aji aksaran, matambayan mawekasan .

Ri wus niran pratameng aji kabeh, mwang molih kapwa ya don tagurwangaji angupadesa, paripakwa reh nikang sarwaksara, lan pakenani prayoganira siji swang, neher ta pwa kita lumekas anagun tapa tapan, malamakan ta ya sidirang manah maka sahayang kasubratan ikang lewih, maka don weruh ri solah bawan ing hyang mwang hyun irang Bhatara Kasuhun kalih kiwa tengen.

Yan tan masiha sang hyang i langgeng ing tapanta, laheng ta ya hita matya ya tan nolih ing don.

Mangkana reh nira sang uwus wreda ring brata lawan tapa molih ing molih palan ing perih nira, pamintateng bhatara, sedeng asewaka-dharma, maran tan asalaheng pangaweruhteng guru, tan kuranga kunang.

Nistan ika pateh anut i sasolah bawani pangaweruh ing gurunta, sabagya yan ana sreda Sang Hyang masunga anugraha mangluwihi widagdan ing guru, ya tika ngaran ing uwus kasidan ing don, apan molih i perihta weruh kasidan, ya ngaran ing uwus nuhun pareng bhatara, apan uwus pada kapwa kaprajnyananta anunggal amor ing gurunta, sangke asih nirang Bhatara sapinintan, ya tika ngaran ing weruh kasidan, apan kasidan ing pangaptin ing don.

Lontar Wiksu Pungu

Kabandungang antuk: I Gst. Ngr. Gde sareng rabi.

author